Pada setiap akhir tengah semester 2 peserta didik kelas V sekolah dasar akan melaksanakan ulangan tengah semester 2. Pada mata pelajaran Bahasa Jawa Banyumasan materi yang diujikan adalah Memahami Tembang Pangkur dan Memahami Cerita Legenda.
I. WENEHANA TANDHA PING (X) ANA ING AKSARA A, B, C UTAWA D SANGAREPE WANGSULAN SING PALING BENER !
Pada ulangan tengah semester 2 untuk mata pelajaran Bahasa Jawa Banyumasan terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian singkat dan 5 soal Uraian. Berikut ini Soal ulangan tengah semester 2 Mata Pelajaran Bahasa jawa Banyumasan Kelas V Sekolah Dasar.
1. | Wacan kangge nomer 1-2 Pangkur Sekar Pangkur angrumpaka Pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir, Demak Adipati Unus, Sultan Ageng Tirtayasa, Ing Mataram Sumusul Sri Sultan Agung, Pangeran Diponegoro, Kyai Maja Dadya Kanthi. Tembang Pangkur kuwe saben sepada .... gatra. | |
A. | 5 | |
B. | 6 | |
C. | 7 | |
D. | 8 | |
Pembahasan : Tembang Pangkur kuwe saben sepada 7 gatra. | ||
2. | Gatra kelima guru wilangan karo guru lagune Pangkur yakuwe .... | |
A. | 11i | |
B. | 12i | |
C. | 11u | |
D. | 12u | |
Pembahasan : Gatra kelima guru wilangan karo guru lagune Pangkur yakuwe 12u | ||
3. | Cacahe wanda utawa suku kata saben selarik dearani .... | |
A. | pada | |
B. | gatra | |
C. | guru lagu | |
D. | guru wilangan | |
Pembahasan : Cacahe wanda utawa suku kata saben selarik dearani guru wilangan | ||
4. | Tegese gatra yakuwe .... | |
A. | cacahing wanda saben sapada | |
B. | cacahing wilangan saben sapada | |
C. | cacahing lagu saben sapada | |
D. | cacahing larikan saben sapada | |
Pembahasan : Gatra yakuwe cacahing larikan saben sapada | ||
5. | Nang ngisor kiye watake tembang Pangkur kajaba .... | |
A. | srengen | |
B. | sereng | |
C. | sareng | |
D. | greget | |
Pembahasan : Watake tembang Pangkur kajaba sareng | ||
6. | Pethikan nang ngisor kiye sing duwe guru lagu (i), yakuwe .... | |
A. | Sinawung resmining kidung | |
B. | Akarana, karenan mardi siwi | |
C. | Mingkar mingkuring angkara | |
D. | Kang tumprap neng tanah Jawa | |
Pembahasan : Sing duwe guru lagu (i), yakuwe Akarana, karenan mardi siwi | ||
7. | Wacan kangge nomer 7 -8 Mangkat Sekolah Wayah esuk srengengene sumunar Wong desa gumregah golet panguripan Bocah-bocah wis padha temata Nyangklong tas mangkat sekolah Mlaku terut gili sing ati-atiA keh mobil lan motor pit Nylinguk nengen nylinguk kiwa Aja nganti bebaya tumeka Geguritan kuwe ngandung isi swasana .... | |
A. | semangat | |
B. | seneng | |
C. | susah | |
D. | kesuh | |
Pembahasan : Geguritan kuwe ngandung isi swasana semangat | ||
8. | Wayah esuk srengengene sumunar. Basa kramane esuk yakuwe .... | |
A. | sonten | |
B. | enjing | |
C. | ndalu | |
D. | siyang | |
Pembahasan : KBasa kramane esuk yakuwe enjing | ||
9. | Mlaku terut gili sing ati-ati.Tembung gili tegese .... | |
A. | kalen | |
B. | peken | |
C. | lepen | |
D. | dalan | |
Pembahasan : Tembung gili tegese dalan | ||
10. | Ngowahi tembung geguritan dadi wujud prosa dearani .... | |
A. | paraban | |
B. | paragan | |
C. | parafrase | |
D. | paragraf | |
Pembahasan : Ngowahi tembung geguritan dadi wujud prosa dearani parafrase | ||
11. | Raden Kamandaka kuwe putra raja sekang kerajaan … . | |
A. | Pajajaran | |
B. | Galuh Pakuan | |
C. | Tarumanegara | |
D. | Salaka Nagara | |
Pembahasan : Raden Kamandaka kuwe putra raja sekang kerajaan Pajajaran | ||
12. | Crita legendha Raden Kamandaka kapethik sekang … . | |
A. | Babad Tanah Leluhur | |
B. | Babad Tanah Banyumas | |
C. | Babad Pasir Luhur | |
D. | Babad Tanah Jawa | |
Pembahasan : Crita legendha Raden Kamandaka kapethik sekang Babad Pasir Luhur | ||
13. | Jeneng asline Raden Kamandaka yakuwe … . | |
A. | Banyak Ngampar | |
B. | Banyak Catra | |
C. | Banyak Blabur | |
D. | Banyak Soang | |
Pembahasan : Jeneng asline Raden Kamandaka yakuwe Banyak Catra | ||
14. | Ramane Raden Kamandaka asmane .... | |
A. | Prabu Dewa Niskala | |
B. | Prabu Dewata Cengkar | |
C. | Prabu Dewa Ruci | |
D. | Prabu Dewa Daru | |
Pembahasan : Ramane Raden Kamandaka asmane Prabu Dewa Niskala | ||
15. | Adhi tunggal kandhung Banyak Catra, yakuwe … . | |
A. | Banyak Blabur | |
B. | Dewi Ciptarasa | |
C. | Banyak Ngampar | |
D. | Dewi Pandansari | |
Pembahasan : Adhi tunggal kandhung Banyak Catra, yakuwe Banyak Ngampar | ||
16. | Wateke Raden Kamandaka yakuwe … . | |
A. | culika | |
B. | srakah | |
C. | drengki | |
D. | cerdas | |
Pembahasan : Wateke Raden Kamandaka yakuwe cerdas | ||
17. | Tembung bontot tegese … . | |
A. | ragil | |
B. | tengah | |
C. | mbarep | |
D. | tengah | |
Pembahasan : Tembung bontot tegese ragil | ||
18. | Raden Kamandaka kuwe aran asline Banyak Catra. Ukara neng dhuwur angger degawe basa krama, yakuwe .... | |
A. | Raden Kamandaka niku jeneng asline Banyak Catra | |
B. | Raden Kamandaka kuwe asma asline Banyak Catra | |
C. | Raden Kamandaka niku aran asline Banyak Catra | |
D. | Raden Kamandaka niku asma asline Banyak Catra | |
Pembahasan : Basa kramane yakuwe: Raden Kamandaka niku asma asline Banyak Catra | ||
19. | Raden Banyak Catra kuwe anak mbarep. Tegese mbarep yakuwe …. | |
A. | ragil | |
B. | sulung | |
C. | tengah | |
D. | akhir | |
Pembahasan : Tegese mbarep yakuwe sulung | ||
20. | Wujud kewan jelmaan Raden Kamandaka yakuwe .... | |
A. | lutung | |
B. | macan | |
C. | kidang | |
D. | kebo | |
Pembahasan : Wujud kewan jelmaan Raden Kamandaka yakuwe lutung |
II. ISINANA CECEG ING NGISOR IKI NGANGGO UKARA KANG BENER !
21. Tembang Pangkur Mingkar Mingkur kecipta dening ….
KGPP Mangkunagara IV
22.Tembang Pangkur klebu tembang ....
Macapat
23. Tibane swara vokal nang pungkasane gatra dearani ….
Guru lagu
24. Salah sijine watake tembang Pangkur yakuwe Srengen.Srengen tegese ….
Srengen tegese nesu
25. Puisi Jawa yakuwe diarani ….
Puisi jawa kuwe diarani geguritan
26. Crita Kamandaka kuwe klebu ….
Cerita legenda
27. Pendheta sing tapa neng Gunung Tangkuban Prau jenenge ….
Ki Ajar Winarong
28. Banyak Catra nyamar lan ganti jeneng dadi ….
Kamandaka
29. Jenenge putri sing deidham-idhamna Raden Kamandaka, yakuwe ….
Dewi Ciptarasa
30. Raden Kamandaka ketemu karo Patih Kadipaten Pasir Luhur. Tembung ketemu basa kramane ….
Kepanggih
III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI PATITIS !
31. Tulisna telu watake lan tegese tembang Pangkur!
watake lan tegese tembang Pangkur : Sereng tegese galak,Greget tegese deranging ati arep tumindhak,lan Srengen tegese nesu
32. Gatekna gambar neng ngisor kiye!
Tulisna guru lagu lan guru wilangan saben salarik sekang tembang Sekar Pangkur neng dhuwur!
8a, 11i, 8u, 7a,12u, 8a, 8i
33. Apa alesane Banyak Catra ora gelem diangkat dadi raja?
Alesan Raden Banyak Cotro urung gelem diangkat dadi raja: Urung siap mrentah kerajaan merga deweke ngrasa elmune urung cukuplan Raja kuwe kudu duwe permaisuri dhisit nggo dadi pendamping
34. Tulisna jenengane tokoh-tokoh sing ana nang wacan legendha Kamandaka !
Prabu Dewa Niskala, Banyak Catra, Banyak Ngampar, Dewi Kumudaningsih, Banyak Blabur, Ki Ajar Winarong, Patih Reksonoto, lan Dwi Ciptoroso.
35. Raden Kamandaka mlaku tekan wilayah Kadipaten Pasir Luhur. Tulisna ukara ning dhuwur dadi basa krama !
Raden Kamandaka tindak dumugi tlatah Kadipaten Pasir Luhur