Geguritan Banyumasan Mboke

Guritan asale saka tembung gurit sing tegese kidung utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Guritan uga dearani puisi jawa. Guritan kuwe ora ditembangna, ning diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga. 

Wirama yakuwe irama nalika maca guritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca guritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora. Nalika maca guritan sing surasane ngemu kasusahan , kudu alon, alus, lan melas.

Wirasa yakuwe anggone maca ngetrepna utawa ngelarasna karo isining guritan, yakuwe susah, seneng, wibawa, getun, nesu, lan sapanunggalane.

Wiraga yakuwe obahing awak nalika maca guritan kanggo mbangun swasana. Pasemon, paenan selaras karo isining guritan.

Neng guritan ana sing arane :
  1. Pada = Bait
  2. Gatra = larik njroning pada, cacahe gatra saben sapada diarani guru gatra
  3. Wanda = Pakecapan (suku kata) , cacahe wanda neng sagatra arane guru wilangan

Guritan debagi loro yakuwe guritan kuna lan guritan modern. Guritan kuna nduweni ciri-ciri cacahe gatra ora ajeg ning semendhinge papat, cacahe wanda neng gatra siji lan sijine kudu pada akehe, tibane swara kudu runtut, dewiwiti nganggo tembung  sun nggegurit. Guritan anyar nduweni ciri-ciri yakuwe ora dewiwiti tembung sun nggegurit, cacahe gatra ora degatekna, tibane swara bebas, lan mentingna pamilihe tembung sing mantes.
Mboke
A. Maca Guritan Neng Bathin
Mboke
Wanto Tirta (Nonton Ronggeng)
Mboke-mboke
Wektu ngtung dina
Krasa lara rika lunga
Medhot brayan alam dunya

Mboke-mboke
Dunya brana numpuk ora miguna
Amung mori saukuran awak
Sandhang pangan sapirang-pirang
Ora degawa mlebu luwang
Mung ngelmu sing manfaat
Amal sholeh putra-putri sing ngabekti

Mboke-mboke
Susahing hati kelara-lara
Madhang ora enak
Turu ora kepenak
Awak lemes balung remek
Ngewangwung awang uwung
Kelangan tresnamu pedhot umur
Nglangut

Mboke-mboke
Sengisor kembang kamboja dekubur
Inyong tetep kemutan ora kelipur
Mung bekti sing mesthi
Ndedonganing gusti
Muga-muga dengapura
Sekabehe luput lan dosa
Dene Gusti Kang Kuwasa

B. Negesi Tembung
  1. Medhot = ora diterusake
  2. Miguna = pinter
  3. Ngabekti = berbakti
  4. Remek = remuk
  5. Awang = langit
  6. Kelipur = kelalen

C. Gawe Ukara
Gawekna ukara nganggo tembung-tembung neng ngisor kiye!
  1. Ngoko : Ibu lara tipes wis suwe
  2. Krama : Ibu gerah tipes sampun dangu

D. Mangsuli Pertakonan
Pertakonan bab isine guritan neng dhuwur dewangsuli. 
  1. Apa irah-irahan guritan neng duwur mau (Irah-irahan guritan neng dhuwur mau yakuwe Mboke)
  2. Kenangapa dunya brana numpuk ora migunani? (Dunya brana numpuk ora migunani sebabe sing degawa mlebu luwang mung mori seukuran awak)
  3. Apa sing degawa maring luwang? (Sing degawa maring luwang mung ilmu sing manfaat lan amal sholeh putra-putri sing ngabekti)
  4. Apa tema guritan neng duwur mau? (Tema guritan neng dhuwur mau yakuwe budi pekerti)
  5. Kepriwe bektine anak maring biyung sing wis seda? (Bektine anak maring biyung sing wis seda yakuwe amal sholeh)

E. Nulis Pitutur Luhur
Pitutur luhur neng guritan kuwe piwulang utawa piweling sing deumpetna dening pangripta. Mayuh, tulisna pititr luhur neng guritan Mboke sing trep!
  1. Numpuk dunya brana ora miguna
  2. Sandhang pangan sepirang-pirang ora degawa mlebu luwang.
  3. Ngelmu sing manfaat lan amal sholeh putra-putri sing ngabekti sing degawa maring luwang.
  4. Susahing ati kelara-lara kelangan tresname pedhot umur.
  5. Moga-moga dengapura sekabehe luput lan dosa dene Gusti Kang Kuwasa.

F. Nulis Isine Guritan
Cara nulis isine guritan kuwe sapen sapada digoleti isine. Angger wis degoleti kabeh banjur detulis dadi siji saben pada mau. 
Geguritan mau nyritakake sedih lan abote detinggal dening ibu
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 1:31 PM

1 komentar:

Mohon tidak memasukan link aktif.