Home » , , » Soal Latihan Ulangan Tengah Semester 2 Bahasa Jawa Kelas V

Soal Latihan Ulangan Tengah Semester 2 Bahasa Jawa Kelas V

Pada setiap akhir tengah semester 2 peserta didik kelas V sekolah dasar akan melaksanakan ulangan tengah semester 2. Pada mata pelajaran Bahasa Jawa Banyumasan materi yang diujikan adalah Memahami Tembang Pangkur dan Memahami Cerita Legenda.

Pada ulangan tengah semester 2 untuk mata pelajaran Bahasa Jawa Banyumasan terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian singkat dan 5 soal Uraian. Berikut ini Soal ulangan tengah semester 2 Mata Pelajaran Bahasa jawa Banyumasan Kelas V Sekolah Dasar.

I. WENEHANA TANDHA PING (X) ANA ING AKSARA A, B, C UTAWA D SANGAREPE WANGSULAN SING PALING BENER !
1.Wacan kangge nomer 1-2
Pangkur
Sekar Pangkur angrumpaka
Pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,
Demak Adipati Unus,
Sultan Ageng Tirtayasa,
Ing Mataram Sumusul Sri Sultan Agung,
Pangeran Diponegoro,
Kyai Maja Dadya Kanthi.

Tembang Pangkur kuwe saben sepada .... gatra.
A.5
B.6
C.7
D.8
Pembahasan :
Tembang Pangkur kuwe saben sepada 7 gatra.
2.Gatra kelima guru wilangan karo guru lagune Pangkur yakuwe ....
A.11i
B.12i
C.11u
D.12u
Pembahasan :
Gatra kelima guru wilangan karo guru lagune Pangkur yakuwe 12u
3.Cacahe wanda utawa suku kata saben selarik dearani ....
A.pada
B.gatra
C.guru lagu
D.guru wilangan
Pembahasan :
Cacahe wanda utawa suku kata saben selarik dearani guru wilangan
4.Tegese gatra yakuwe ....
A.cacahing wanda saben sapada
B.cacahing wilangan saben sapada
C.cacahing lagu saben sapada
D.cacahing larikan saben sapada
Pembahasan :
Gatra yakuwe cacahing larikan saben sapada
5.Nang ngisor kiye watake tembang Pangkur kajaba ....
A.srengen
B.sereng
C.sareng
D.greget
Pembahasan :
Watake tembang Pangkur kajaba sareng
6.Pethikan nang ngisor kiye sing duwe guru lagu (i), yakuwe ....
A.Sinawung resmining kidung
B.Akarana, karenan mardi siwi
C.Mingkar mingkuring angkara
D.Kang tumprap neng tanah Jawa
Pembahasan :
Sing duwe guru lagu (i), yakuwe Akarana, karenan mardi siwi
7.Wacan kangge nomer 7 -8
Mangkat Sekolah
Wayah esuk srengengene sumunar
Wong desa gumregah golet panguripan
Bocah-bocah wis padha temata

Nyangklong tas mangkat sekolah
Mlaku terut gili sing ati-atiA
keh mobil lan motor pit
Nylinguk nengen nylinguk kiwa
Aja nganti bebaya tumeka

Geguritan kuwe ngandung isi swasana ....
A.semangat
B.seneng
C.susah
D.kesuh
Pembahasan :
Geguritan kuwe ngandung isi swasana semangat
8.Wayah esuk srengengene sumunar. Basa kramane esuk yakuwe ....
A.sonten
B.enjing
C.ndalu
D.siyang
Pembahasan :
KBasa kramane esuk yakuwe enjing
9.Mlaku terut gili sing ati-ati.Tembung gili tegese ....
A.kalen
B.peken
C.lepen
D.dalan
Pembahasan :
Tembung gili tegese dalan
10.Ngowahi tembung geguritan dadi wujud prosa dearani ....
A.paraban
B.paragan
C.parafrase
D.paragraf
Pembahasan :
Ngowahi tembung geguritan dadi wujud prosa dearani parafrase
11.Raden Kamandaka kuwe putra raja sekang kerajaan … .
A.
Pajajaran
B.Galuh Pakuan
C.Tarumanegara
D.Salaka Nagara
Pembahasan :
Raden Kamandaka kuwe putra raja sekang kerajaan Pajajaran
12.Crita legendha Raden Kamandaka kapethik sekang … .
A.Babad Tanah Leluhur
B.Babad Tanah Banyumas
C.Babad Pasir Luhur
D.Babad Tanah Jawa
Pembahasan :
Crita legendha Raden Kamandaka kapethik sekang Babad Pasir Luhur
13.Jeneng asline Raden Kamandaka yakuwe … .
A.Banyak Ngampar
B.Banyak Catra
C.Banyak Blabur
D.Banyak Soang
Pembahasan :
Jeneng asline Raden Kamandaka yakuwe Banyak Catra
14.Ramane Raden Kamandaka asmane ....
A.Prabu Dewa Niskala
B.Prabu Dewata Cengkar
C.Prabu Dewa Ruci 
D.Prabu Dewa Daru
Pembahasan :
Ramane Raden Kamandaka asmane Prabu Dewa Niskala
15.Adhi tunggal kandhung Banyak Catra, yakuwe … .
A.Banyak Blabur
B.Dewi Ciptarasa
C.Banyak Ngampar
D.Dewi Pandansari
Pembahasan :
Adhi tunggal kandhung Banyak Catra, yakuwe Banyak Ngampar
16.Wateke Raden Kamandaka yakuwe … .
A.culika
B.srakah
C.drengki
D.cerdas
Pembahasan :
Wateke Raden Kamandaka yakuwe cerdas
17.Tembung bontot tegese … .
A.ragil
B.tengah
C.mbarep
D.tengah
Pembahasan :
Tembung bontot tegese ragil
18.Raden Kamandaka kuwe aran asline Banyak Catra. Ukara neng dhuwur angger degawe basa krama, yakuwe ....
A.
Raden Kamandaka niku jeneng asline Banyak Catra
B.Raden Kamandaka kuwe asma asline Banyak Catra
C.Raden Kamandaka niku aran asline Banyak Catra
D.Raden Kamandaka niku asma asline Banyak Catra
Pembahasan :
Basa kramane yakuwe: Raden Kamandaka niku asma asline Banyak Catra
19.Raden Banyak Catra kuwe anak mbarep. Tegese mbarep yakuwe ….
A.ragil
B.sulung
C.tengah
D.akhir
Pembahasan :
Tegese mbarep yakuwe sulung
20.Wujud kewan jelmaan Raden Kamandaka yakuwe ....
A.lutung
B.macan
C.kidang
D.kebo
Pembahasan :
Wujud kewan jelmaan Raden Kamandaka yakuwe lutung

II. ISINANA CECEG ING NGISOR IKI NGANGGO UKARA KANG BENER !
21. Tembang Pangkur Mingkar Mingkur kecipta dening ….
KGPP Mangkunagara IV
22.Tembang Pangkur klebu tembang .... 
Macapat 
23. Tibane swara vokal nang pungkasane gatra dearani ….
Guru lagu
24. Salah sijine watake tembang Pangkur yakuwe Srengen.Srengen tegese ….
Srengen tegese nesu
25. Puisi Jawa yakuwe diarani ….
Puisi jawa kuwe diarani geguritan
26. Crita Kamandaka kuwe klebu ….
Cerita legenda
27. Pendheta sing tapa neng Gunung Tangkuban Prau jenenge ….
Ki Ajar Winarong
28. Banyak Catra nyamar lan ganti jeneng dadi ….
Kamandaka
29. Jenenge putri sing deidham-idhamna Raden Kamandaka, yakuwe ….
Dewi Ciptarasa
30. Raden Kamandaka ketemu karo Patih Kadipaten Pasir Luhur.  Tembung ketemu basa kramane ….
Kepanggih
III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI PATITIS !
31. Tulisna telu watake lan tegese tembang Pangkur!
watake lan tegese tembang Pangkur : Sereng tegese galak,Greget tegese deranging ati arep tumindhak,lan Srengen tegese nesu
32. Gatekna gambar neng ngisor kiye!
Pangkur
Tulisna guru lagu lan guru wilangan saben salarik sekang tembang Sekar Pangkur neng dhuwur!
8a, 11i, 8u, 7a,12u, 8a, 8i
33. Apa alesane Banyak Catra ora gelem diangkat dadi raja?
Alesan Raden Banyak Cotro urung gelem diangkat dadi raja: Urung siap mrentah kerajaan merga deweke ngrasa elmune urung cukuplan Raja kuwe kudu duwe permaisuri dhisit nggo dadi pendamping
34. Tulisna jenengane tokoh-tokoh sing ana nang wacan legendha Kamandaka !
Prabu Dewa Niskala, Banyak Catra, Banyak Ngampar, Dewi Kumudaningsih, Banyak Blabur, Ki Ajar Winarong, Patih Reksonoto, lan Dwi Ciptoroso.
35. Raden Kamandaka mlaku tekan wilayah Kadipaten Pasir Luhur. Tulisna ukara ning dhuwur dadi basa krama !
Raden Kamandaka tindak dumugi tlatah Kadipaten Pasir Luhur
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 7:19 PM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.