Home » , , » Karna Madeg Senapati

Karna Madeg Senapati

Wayang kuwe sajinising kabudayan sing adiluhung. Neng crita wayang kuwe, watek wantune menungsa prasasat kabeh kegambar. Crita wayang bisa nggo conto lan kaca benggala tumrap manungsa. Crita Karna Madeg Senapati kalebu salah sijine crita pewayangan sing misuwur. Adipati Karna sing dadi lakon crita klebu salah sijine peraga wayang sing penting neng crita Mahabaratha.

Karna Madeg Senapati
Perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh  Kurawa kondhang kanti aran Perang Baratayudha. Perang sing kedadeyan neng Tegal Kurusetra kiye dadi jalaran ana rajapati lan kurban sing akeh. Para satriya akeh sing padha nemahi pralaya. Senapati Kurawa sing asmane Pendhita Drona, gugur neng madyane Tegal Kurusetra kaprejaya dening Drestajumena. Seurunge gugur Pendhita Drona wis merjaya Raden Abimanyu senapatine Pendhawa.

Karna adipati neng Awangga madeg senapati Kurawa maju neng palagan. Sejatine Adipati Karna wis mangerteni, mbelani Kurawa kuwe tindak sing ora bener. Ningen Adipati Karna wis kepotangan budi karo Duryudana, Raja Astina sing ambeg angkara murka. Mula dheweke gelem sebaya mukti sebaya pati mbelani Negara Astina.
Karna Vs Arjuna
Adipati Karna kuwe putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi. Mula, Adipati Karna kelebu drajate wasu, yakuwe manungsa setengah dhewa. Mula, Adipati Karna ora mokal angger kesinungan kedigdayaan sing linuwih.

Raden Arjuna maju neng madyane Tegal Kurusetra ngadhepi Adipati Karna. Arjuna lan Karna padha adu kedigdayaan. Perang prasasat ora ana sing bakal menang merga loro-lorone padha sekti mandraguna. Satriya loro padha titis anggone jemparing lan padha duwe pusaka piandel. Adipati Karna duwe pusaka Kuntawijayandanu, lan Arjuna pusakane Pasopati.

Wusanane Raden Arjuna menthang lengkap panah Pasopati. Panah mlesat ngenani janggane Adipati Karna sing senalika gugur ana neng madyane Tegal Kurusetra.

Negesi Tembung Crita Wayang Kresna Madeg Senapati
No.Tembung AngelTegese
1.GugurTiwas neng peperangan
2.MrejayaMateni
3.PalaganPanggonan peperangan
4.KapotanganDuwe utang
5.Ambeg
Tumindak
6.KadigdayanKasekten
7.MokalMustahil
8.JangganeGulune
9.MadyaneTengah-tengahe
10.KesinunganDiwenehi

Mangsuli Pertakonan
1. Apa aran perang gedhe antarane Pandhawa mungsuh Kurawa?
Perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh Kurawa dearani perang Baratayudha.
2. Ana ngendi papane kedadeyan perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh Kurawa?
Papane kedadeyan perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh Kurawa yakuwe Tegal Kurusetra.
3. Sapa sing mrejaya Senapati Kurawa sing asmane Pandhita Drona?
Sing mrejaya Senapati Kurawa sing asmane Pandhita Drona yakuwe Drestajumena.
4. Apa sebabe Adipati karna gelam mbelani Kurawa lan madeg dari senapati?
Adipati karna gelam mbelani Kurawa sebab Adipati Karna wis kepotangan budi karo Duryudana.
5.  Kepriwe carane Raden Arjuna mrejaya Adipati Karna?
Carane Raden Arjuna mrejaya Adipati Karna yakuwe Raden Arjuna menthang lengkap panah banjur mlesat ngenani janggane Adipati Karna.

Ngringkes Crita Karna Madeg Senapati
Perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh diarani Perang Baratayudha sing kedadeyan neng Tegal Kurusetra. Senapati Kurawa sing asmane Pendhita Drona, gugur kaprejaya dening Drestajumena. 

Karna adipati neng Awangga madeg senapati Kurawa. Adipati Karna wis mangerteni, mbelani Kurawa kuwe tindak sing ora bener, ningen wis kepotangan budi karo Duryudana. Adipati Karna kuwe putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi. Adipati Karna kelebu manungsa setengah dhewa. Mula, Adipati Karna ora mokal angger kesinungan kedigdayaan sing linuwih.

Raden Arjuna maju neng madyane Tegal Kurusetra. Adipati Karna duwe pusaka Kuntawijayandanu, lan Arjuna pusakane Pasopati. Raden Arjuna menthang panah Pasopati sing ngenani janggane Adipati Karna sing senalika gugur.
xxx
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 12:40 PM

1 komentar:

Mohon tidak memasukan link aktif.