Home » , , » Cerita Legendha Kamandaka

Cerita Legendha Kamandaka

Gemiyen neng tanah Jawa bagian kulon, ana Krajan Hindu sing amba tur kuwat, uga duwe pengaruh nganti tekan tlatah Jawa Tengah. Jeneng Krajan kiye yakuwe Krajan Pajajaran. Raja Pajajaran sing aran Prabu Niskala duwe putra loro sekang prameswari sing nomer siji. Putra sing mbarep jenenge Banyak Catra, adhine jenenge Banyak Ngampar. Ningen, putra mahkota kiye wis detinggal ibune dhong esih cilik-cilik.

Bar detinggal prameswarine, Raja Pajajaran pengantenan maning karo Dewi Kumudaningsih, banjur duwe putra jenenge Banyak Blabur lan putri sing jenenge Dyah Ayu Ratu Pamekas. Nalika dilamar dadi prameswari, Dewi Kudaningsih njaluk kudangan sing monine, "Angger mengko duwe putra lanang, sing ngganti dadi Raja Pajajaran yakuwe putra lanange ingsun".
Kamandaka
Prabu Dewa Niskala pengin angger sing nggantene dhewekke dadi raja mengko kudu deangkat sedurunge dheweke seda, supaya tahta krajan kuwe ora dadi rebutan putra-putra keturunane. Krasa umure wis tuwa, Raja Pajajaran duwe pengangkah ngangkat putra mahkota nggo calon raja anyar mengko. Prabu Dewa Niskala banjur ngundang putrane sing mbarep, Banyak Catra sekan prameswari nomer siji, sarta Banyak Blabur sekang prameswari nomer loro. Klorone bebarengan ngadhep sang Prabu. Sewise padha ngadhep, Prabu Dewa Niskala ngendhika marang klorone arep ngangkat salah siji putra mbarepe dadi Raja Pajajaran.

Ndilalah, kloro putra-putrane langka sing gelem deangkat dadi raja. Putrane padha ngrasa urung siap lan aweh werna-werna alesan. Raden Banyak Catra ngajokna alesan urung siap mrentah krajan merga dheweke ngrasa elmune urung cukup. Alesan liyane, jare dadi raja kudu duwe prameswari dhisit nggo dadi sisihan. Mulane dheweke arep nggoleti calon prameswari dhisit sing ayune memper ibune. Mengko angger wis pengantenan karo putri sing ayune memper ibune, tembe dheweke gelem deangkat dadi raja Pajajaran. Bar kuwe, Banyak Catra njlauk idin lunga maring ramane prelu nggolet putri idhaman.

Banyak Catra mangkat sekang kraton krajan maring prenah wetan, ngliwati Gunung Tangkuban Perahu. Neng gunung kuwe dheweke ngadhep pendhita Hindu sing agi mertapa neng kana. Pendita kuwe jenenge Ki Ajar Winarong. Ki Ajar Winarong kuwe pendita sing sekti mandraguna, duwe ilmu kenuragan sing dhuwur lan mudeng nek mengko Banyak Catra mesthi kasil ngundhuh putri sing deidham-idhamna. Ningen, Banyak Catra kudu bisa nggenepi syarat-syarat sing antarane, Banyak Catra kudu bisa ucul lan ninggalna kabeh penganggo sekang krajan lan urip dadi rakyat biasa. Syarat liyane, Banyak Catra kudu ganti jeneng lan nyamar nganggo jeneng samaran, yakuwe Raden Kamandaka.

Raden Kamandaka terus mlaku maring prenah wetan, pog-poge tekan tlatah Kadipaten Pasir Luhur. Neng kana Raden Kamandaka ketemu karo Patih Kadipaten Pasir Luhur sing jenenge Patih Reksanata. Patih kiye mandan seneng karo solah bawane Raden Kamandaka. Kebeneran maning dhewekke ora duwe putra. Banjur Raden Kamandaka deangkat dadi anak dening Patih Reksanata. Patih Reksanata seneng pisan tur bangga, siki dhewekke wis duwe anak angkat sing gagah prakosa, bagus, lan duwe laku apik.

Wektu kuwe sing mrentah Kadipaten Pasir Luhur yakuwe Adipati Kundha Dhaha. Dhewekke duwe putri-putri sing ayu-ayu lan wis kawin kejaba sing bontot, sing jenenge Dewi Ciptarasa. Ndilalah putri bontot Adipati kiye duwe rupa sing ayune memper banget karo ibune Raden Kamandaka. Merga dadi putra Patih Reksanata, Raden Kamandaka bisa mlebu istana Kadipaten Pasir Luhur lan wis bola-bali ndeleng Dewi Ciptarasa. Raden Kamandaka yakin nek Dewi Ciptarasa kuwe putri sing diedham-edhamna.

Ringkese cerita Raden Kamandaka lan Dewi Ciptarasa padha tresnane, ning ora disetujoni karo bapakke, Adipati Kandha Dhaha, amerga ora patut putri adipati mbojo karo rakyat biasa. Adipati Kandha Dhaha mrentahna patih lan para prajurit nangkep Raden Kamandaka. Ningen, ora ana sing bisa nangkep merga kalah sekti karo Raden Kamandaka.

A. Mayuh Negesi tembung
No.Tembung AngelTegese
1.PrameswariBojone raja
2.KudanganPanjalukan
3.PengangkahKekarepan
4.SisihanBojo
5.PrenahArah
6.PenditaPimpinan agama
7.MandragunaLuar biasa/banget
8.TlatahPanggonan/wilayah
9.BontotTerakhir
10.Deidham-idhamnaDipengini

B. Mangsuli Pertakonan
1. Sapa Raden Kamandaka kuwe?
Raden Kamndaka putra mbarep Raja Pajajaran Prabu Dewa Niskala sing aran Raden banyak Catra
2. Sekang endi asale Raden Kamadaka?
Raden kamandaka asale sekang Krajan Pajajaran neg tlatah Jawa Barat
3. Apa alesane Raden Kamandaka ora gelem deangkat dadi raja?
Raden Kamandaka ngrasa elmune urung cukup lan kepengin duwe prameswari sing ayune kaya ibune.
4. Apa bae sarate Ki Ajar Winarong marang Banyak Catra supaya kasil oleh putri sing diedham-edhamna?
Raden Kamandaka kudu kudu bisa ucul lan ninggalna kabeh penganggo sekang krajan, urip dadi rakyat biasa, lan ganti jeneng Raden Kamandaka.
5. Sapa kuwe Dewi Ciptarasa?
Dewi Ciptarasa yakuwe putra bontote Adipati Pasir Luhur sing jenenge Kandha Dhaha.
C. Nulis Tokoh lan Watek
No.TokohWatek
1.Raden KamandakaKasatriya lan Duwe laku apik.
2.Dewi CiptarasaSumanak lan setya
3.Patih ReksanataWicaksana lan apikan
4.Prabu Kandha DhahaWicaksana lan apikan
5.Prabu Dewa NiskalaWicaksana lan apikan

D. Ngringes Crita
Krajan Pajajaran manggon neng tanah Jawa bagian kulon. Raja Pajajaran sing aran Prabu Niskala duwe putra papat. Prabu Dewa Niskala pengin angger sing nggantene dhewekke kudu deangkat sedurunge dheweke seda.

Prabu Dewa Niskala ngendhika marang Banyak Catra lan Banyak Blabur arep ngangkat salah siji putra mbarepe dadi Raja Pajajaran. Kloro putra-putrane langka sing gelem deangkat dadi raja. Raden Banyak Catra ngajokna alesan urung siap mrentah lan dheweke arep nggoleti calon prameswari sing ayune memper ibune. 

Banyak Catra ngadhep pendhita Ki Ajar Winarong. Jare Ki Ajar Winarong Banyak Catra mesthi kasil ngundhuh putri sing deidham-idhamna. Ningen, Banyak Catra kudu bisa ucul lan ninggalna kabeh penganggo sekang krajan, urip dadi rakyat biasa, lan kudu ganti jeneng Raden Kamandaka. Raden 

Kamandaka mlaku tekan tlatah Kadipaten Pasir Luhur. Raden Kamandaka deangkat dadi anak dening Patih Reksanata. Raden Kamandaka bisa mlebu istana Kadipaten Pasir Luhur lan wis bola-bali ndeleng Dewi Ciptarasa.

Raden Kamandaka lan Dewi Ciptarasa padha tresnane, ning ora disetujoni karo bapakke, amerga ora patut putri adipati mbojo karo rakyat biasa. Adipat mrentahna patih lan para prajurit nangkep Raden Kamandaka. Ningen, ora ana sing bisa nangkep merga kalah sekti karo Raden Kamandaka.
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 6:27 AM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.