Home » , , » Mengidentifikasi Ciri Tembang Kinanthi

Mengidentifikasi Ciri Tembang Kinanthi

Tembang kinanthi merupakan tembang ke empat dari sebelas judul tembang macapat. Tembang atau sekar ini menggambarkan kisah anak yang sudah mulai beranjak dewasa. Dalam masa pubertas tersebut anak sudah mengenal sesuatu yang baik dan buruk. Sejak kecil seorang anak dianjurkan untuk dididik dengan benar dan penuh kasih sayang. Anak yang akan beranjak dewasa sangat membutuhkan arahan dan bimbingan agar tidak terjerumus pada hal yang negatif.

Tembang kinanthi merupakan tembang yang menggambarkan pembentukan jati diri dan mencari bekal ilmu baik secara formal maupun nonformal. Tembang ini memiliki makna dalam bahasa jawa yang sama dengan kata gandheng, kanthil, dan kanthi. Arti tembang kinanthi berasal dari kata dikanthi-kanthi yang bermakna dituntun, diarahkan, dan didampingi. Berikut aturan persajakan dalam tembang kinanthi ini:
  1. Guru gatra : jumlah kalimat tiap bait 6 kalimat.
  2. Guru wilangan: jumlah suku kata pada tiap larik yaitu 8,8,8,8,8,8 kalimat.
  3. Guru lagu: jatuhnya vokal terakhir pada tiap larik yaitu u,i,a,i,a,i.

A. Tembang Kinanthi
Kinanthi kuwe salah sijineng tembang macapat. Gatekna tembang kinanthi neng ngisor kiye.
Kinanthi
Mayuh nembangna tembang Kinanthi neng dhuwur kanthi wirama sing trep! Gatekna gurumu nebang banjur tirokna.

B. Negesi Tembung
Mayuh tembang sing koanggep anyar lan angel neng tembang Kinanthi mau dechatet banjur degoleti tegese!
No.Tembung Neng TembanglTembung LumrahBasa Indonesia
1.SarwaSarwaSerba
2.GlobalisasiGlobalisasiGlobalisasi
3.JamanJamanZaman/Era
4.WediWediTakut
5.NgiraMbedhekMenebak
6.AsriEndahAsri
7.WaspadhaSiyagaWaspada
8.DegoletiDegoletiDicari
9.Lenga latungLenga latungMinyak tanah
10.LampuLampuLampu
11.MrendiMrendiRapuh
12.GanuGemiyenDahulu

C. Gawe Ukara
Mayuh gawe ukara nganggo tembung-tembung neng tembang kinanti nganggo basa dhialek Banyumasan.
  1. Neng Pasar Wage kiye sayuran sarwa ana tur murah regane.
  2. Kabeh wong padha ngarani sekiye jaman globalisasi. 
  3. Siki jamane wis maju, apa bae wis ngganggo piranti sing sarwa modheren.
  4. Rina bocahe gampang wedi getih marang kucing
  5. Ora nyana ora ngira siki lenga latung klebu barang langka.
  6. SD Nusantara sekiye katon asri.
  7. Padha eling lan waspada maring bahaya COVID-19.
  8. Kucingku wis ora bali telung dina, ngesuk arep degoleti.
  9. Lenga latung kuwe salah sijining jinis bahan bakar minyak.
  10. Lampu sing ana neng bale mau mbengi ora bisa murub.
  11. Tali kae mrendi yen dienggo njiret kayu.
  12. Jaman ganu urung ana lampu listrik, angger wengi peteng dhehdhet
D. Mangsuli Pertakonan Isi Tembang Kinanthi
Tembang Konanthi mau nyritakna surasane jaman ganu, agi urung maju. Listrik urung ana. Swasanane sepi lan peteng neng wayah bengi. Wong duwe rasa wedi metu, mbok ana kewan galak. Wong-wong padha golet lenga latung nggo ngisi lampu teplok ben murub lan dadi padhang.

Siki wis jaman globalisasi, apa-apa ana. Jamane wis maju debandhingna karo jaman ganu. Arep ngapa bae wis keturutan. Ningen neng jaman siki wong-wong malah tambah wedi. Jalaran angger ora kuwat imane gampang kena godha. Maling tambah mbeling, durjana ana neng ndi bae. Mula neng jaman siki kudu waspada.

1. Tembang kinanti mau nritakna apa?
embang Konanthi mau nyritakna surasane jaman ganu, agi urung maju.
2. Tambah asri ning medeni. Apa tegese tembung asri?
Tembung asri tegese endah.
3. Apa tegese tembung waspada?
Tegese tembung “waspada” yakuwe siyaga.
4. Neng jaman urung ana listrik, kenangapa wong padha wedi metu neng wayah mbengi?
Wong duwe rasa wedi metu neng jaman ganu, mbok ana kewan galak
5.  Kenangapa neng jaman siki wong-wong tambah wedi?
Neng jaman siki wong-wong malah tambah wedi jalaran angger ora kuwat imane gampang kena godha. 

F. Crita
Mayuh padha ngrungokna critane batire babagan isine tembang Kinanthi karo mbiji penampilan utawa solah bawane !
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 8:31 AM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.