Home » , , » Memahami Teks Pidhato Utawa Sesorah

Memahami Teks Pidhato Utawa Sesorah

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa kramadigunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.

A. Nyimak Pidhato
Pidhato utawa sesorah kuwe ngomongna utawa ngandhahna pikiran neng ngarepe wong akeh. Wong sesorah utawa pidhato kudu duwe karep supaya apa sing dekandhahna dengerteni wong liya. Basa sing deenggo mestine kudu sing komunikatif, presaja tur suarane ya kudu cetha, ora mung kandhah. Kejaba kuwe uga kudu teyeng milih tembung-tembung sing pas dekandhahna. Mulane wong sesorah utawa pidhato kudu duwe ilmu carane pidhato, uga sering latihan seurunge sesorah neng ngarepe wong akeh.

Seliyane duwe ilmu lan sering latihan wong sesorah utawa pidhato kudu nggatekna degging sepengadeg utawa penampilan. Solah bawane kudu teyeng nggawe wong sing ngrungokna kesengsem maring sing agi pidhato. Tutur basa lan tata kramane uga kudu degatek pantes lan cocogna. Sandhang penganggo ya mestine kudu karo swasanane,

Isine sesorah utawa pidhato werna-werna. Bisa uga pinemu, tanggepan, aseng, utawa ngandhahna sewijining bab, lan liya-liyane.

B. Maca Conto Teks Pidhato Perpisahan Kelas
Assalamualaikum wr. wb.
Bapak Kepala Desa Kencurmakmur sing kula urmati, Komite SD Negeri 02 Kencurmakmur, Ibu Kepala SD Negeri 02 Kencurmakmur, sing kulo urmati, Bapak Ibu huru lan para wali murid ugi adhi-adhi kelas I - V sing kula tresnani.
Pidhato
Langkung krihin, mangga sesarengan kita muji syukur dhateng ngarsane Gusti Alllah kang Maha Kuwasa, jalaran mergi anugrahe, dinten niki kita sedaya saged kempal lan kepanggih wonten ngriki, teng aula SD Negeri 02 Kencurmakmur niki kanthi wilujeng, sehat lan mboten wonten alangan satunggal napa, saprelu ngontenaken  acara perpisahan kelas VI.

Bapak, Ibu lan para rawuh sing kula urmati, kula minangka sulih saking kanca-kanca kelas VI, nyuwun pamit gandheng mboten dangu malih kula sekanca sampun lulus sehengga kedah nilaraken sekolah sing kita tresnani niki. Kula sekanca ngaturaken matur kesuwun sing tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru, sing empun nggulawenthah lan maringi pinten-pinten ilmu sehingga kula sekanca dados lare sing gadhah budi pekerti lan gadhah keprigelan maca , nulis, lan ngetung. Langkung-langkung kula sekanca saged tumut ujian lan pikanthuk biji sing maremaken.

Kaping kalih kula sekanca nyuwun agunging pangapunten, bilih selamane sinau teng sekolah ngriki kathah lepate, sing nguja utawa mboten. Mugi-mugi Bapak Ibu guru lan warga sekolah kersa paring ngapunten teng kula sekanca.

Kaping tiga kula sekanca nyuwun donga restune Bapak Ibu Guru, mugi-mugi saged nerasaken lampah anggene pados ilmu teng sekolah selanjenge. Lan mugi-mudi kula sekanca tembe mbejang dados tiyang sing migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa.

Mekaten atur kula, bilih kathah klentha-klenthune nyuwun agenging pangapunten, Cekap semanten.

Wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.

C. Mayuh Negesi Tembung
Tembung-tembung neng sesorah  mau ana sing urung kongerteni tegese, mayuh padha degoleti, banjur detegesi bareng-bareng nganggo basa ngoko Banyumasan, krama, lan krama inggil
No.Tembung Neng WacanNgoko BanyumasaaKramaKrama Inggil
1.RumiyinDhisitRiyinRumiyin
2.DhumatengMaringDhatengDhumateng
3.NgarsaneNgarepeNgajengipunNgarsanipun
4.KepanggihKetemuKepanggihKepanggih
5.NilarakenNinggalnaNilarakenNilaraken
6.KeprigelanKepinteranKaprigelanKaprigelan

D. Mangsuli Pertakonan
1. Sapa bae sing nekani acara perpisahan kelas VI?
Sing nekani acara perpisahan kelas VI yakuwe Bapak Kepala Desa, Komite Sekolah Ibu Kepala SD, Bapak Ibu Guru , Para wali murid lan adhi-adhi kelas I - V.
2. Sapa sing pidhato perpisahan?
Sing pidhato perpisahan yakuwe sulih/wakil  siwa kelas VI
3. SD Ngendi sing nganakna Perpisahan?
Sing nganakna perpisahan yakuwe SD Negeri 02 Kencurmakmur
4. Bocah kelas VI arep padha nerusna sekolah maring ngendi?

Bocah kelas VI arep padha nerusna sekolah maring sekolah selanjute

5. Bocah kelas VI padha njaluk dongan maring sapa?
Bocah kelas VI padha njaluk dongan maring Bapak Ibu Guru.
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 11:55 AM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.