Home » , , » Membaca Indah Geguritan Mangkat Sekolah

Membaca Indah Geguritan Mangkat Sekolah

Geguritan kuwe karangan puisi Jawa. Tegese, karangan kuwe ora keiket tatanan utawa utawa paugeran kaya neng tembang Jawa Tradhisional. Geguritan kalebu karangan susastra. Geguritan kudu ditulis nganggo tembung sing apik, sarta duwe arti sing jero lan ringkes tur mentes.

Guritan asale saka tembung gurit sing tegese kidung utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Guritan uga dearani puisi Jawa. Guritan kuwe ora detembangna, ning dewaca nganggo wirama, wirasa, lan wiraga manut surasane.

Sedurunge maca guritan Mangkat Sekolah gatekna carane maca guritan sing bener yakuwe :
  1. Sepisanan dewaca kabeh guritane.
  2. Demangerteni tegese tembungane.
  3. Dewaca alon karo irama sing trep.
  4. Dhuwur endhepe suara manut isine ukara.
  5. Nggone maca ora kemrungsung,
Mayuh siki macakna guritan Mangkat Sekolah neng ngisor kiye.
Sekolah
Simaken geguritan ngisor kiye :
MANGKAT SEKOLAH

Wayah ésuk srengéngé sumunar
Wong désa gumregah golét panguripan
Bocah bocah wis padha temata
Nyangklong tas mangkat sekolah

Mlaku terut gili sing ati ati
Akéh mobil lan motor pit
Nylinguk nengen lan nyinguk kiwa
Aja nganti bebaya tumeka

Esuk-ésuk mangkat sekolah
Akéh batir krasa bungah
Ngudi kawruh lan kapinteran
Kanggo sangu urip neng alam dunya
Murih kepénak uga kabegjan

Wanto Tirta 2016

Silahkan simak videonya berikut ini
Negesi Tembung Geguritan
No.Tembung AngelTegese
1.WayahWektu
2.SumunarBersinar
3.GumregahSemangat
4.NylingukMenoleh
5.BebayaBahaya
6.Ngudi kawruhMencari ilmu
7.MurihSupaya
8.TumekaDatang
9.TemataTertata
10.PanguripanKehidupan

2. Parafrase Geguritan
Parafrase yakuwe ngowahi sekang tembung geguritan dai wujud prosa. Gawe parafrase sekang geguritan bisa kanthi cara ngganti tembung sing angel demangerteni karo tembung liya sing lewih gampang demangerteni. Ningen olihe ngowahi utawa ngganti kudu tetep pada karo isi asline geguritan.

Siki gawekna parafrase sekang geguritan Mangkat Sekolah neng dhuwur nganggo basame dhewek. Gatekna conto ngisor kiye!
Wayah esuk nalika srengenge wis sumunar neng sisih wetan. WOng-wong desa padha tangi gumregah siap-siap arep padha golet panguripan. Bocah-bocah sekolah wis pada temata nganggo seragam sekolah, natani buku lan liya-liyane. Banjur padha nyangklong tas budhal maring sekolah.
Kasil Prafrase :
Esuk-esuk nalike srengenge wis sumunar. Wong-wong desa pada gumregah arep golet panguripane dhewek-dhewek. Bocah-bocah sekolah uga wis pada siap, padha nyangklong tas terus mangkat sekolah. Bocah mau padha mlaku terut siji lan padha ngati-ati, amarga akeh mobil lan motor pit neng dalan gedhe. Ora lali nylinguk tengem lan kiwe mbok nganthi kena bebaya neng dalan. Esuk-esuk pas mangkat sekolah akeh batire lan dadi krasa bungah. Nggolet ilmu lan kapinteran sing bisa kanggo urip neng alam dunya supaya kepenak lan begja.
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 4:47 PM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.