Home » , , » Cerita Rakyat Babad Pasir Luhur

Cerita Rakyat Babad Pasir Luhur

Prabu Silih Wangi, raja neng tlatah Pajajaran Jawa Barat, dhawuh maring putrane Arya Banyak Catra, supaya mbojo amarga arep diwisuda dadi ratu. Arya Banyak Catra matur gelem mbojo nanging sing praupane memper karo pasuryane ibune. Prabu silih Wangi sewise midhanget ature Arya Banyak Catra, banjur ngendhika, "Angger kayakuwe, sliramu lunga maring Gunung Tungkeban nemoni pendhita sekti. Takokna endi parane wanita sing dikarepaken neng sliramu". (Prabu Silih Wangi raja di kerajaan Pajajaran Jawa Barat memerintahkan anaknya Arya Banyak Catra supaya menikah karena akan diwisuda menjadi raja. Arya Banyak Catra mau menikah tetapi yang rautnya persis seperti raut muka ibunya. Prabu Silih Wangi setelah mendengar jawaban Arya Banyak Catra kemudian berkata, "Kalau begitu kamu pergi ke gunung Tungkeban menemui pendeta sakti. Tanyakan ke mana arah wanita yang diinginkan olehmu.")

Arya Banyak Catra banjur metu sekang kraton, mlaku temuju maring Gunung Tungkeban. Bareng tekan Gunung Tungkeban ketemu Sang Pandhita matur wigatine teka neng padhepokan. Sang Pandhita banjur dhawuh, "Putri sing kok karepake Dewi Ciptarasa, putri sekang Kadipaten Pasir Luhur. Prapase ngalor ngetan sekang panggonan kene." Sewise dewehi ngerti, Arya Banyak Catra age-age nggolet papan dununge Kadipaten Pasir Luhur.(Arya Banyak Catra kemudian keluar dari istana, berjalan menuju gunung Tungkeban. Sesampainya di sana ia bertemu sang pendeta dan menyampaikan tujuan datang ke padepokan. Sang pendeta berkata, "Putri yang kau inginkan adalah Dewi Ciptarasa putri dari Kadipaten Pasir Luhur. Arahnya ke utara - timur dari tempat ini. Setelah diberitahu Arya Banyak Catra segera mencari keberadaan Kadipaten Pasir Luhur.)
Kamandaka
Suwening laku Arya Banyak Catra tekan tlatah Kadipaten Pasir Luhur. Sabanjure Arya Banyak Catra ngabdi neng kepatihan nganggo jeneng samaran Kamandaka. Nuju Sawijining dina, Kamandaka dijek njala iwak neng pinggir Kali Logawa. Neng papan kono, Arya Banyak Catra ketemu karo Dewi Cipta rasa, putri Adipati Pasir Luhur. Dewi Cipta Rasa kesengsem baguse Kamandaka. Semana uga Kamandaka kesengsem karo Dewi Cipta Rasa sing pawakan, pasuryane, lan ayune padha karo ibune.(Beberapa waktu kemudian Arya Banyak Catra sampai di wilayah Kadipaten Pasir Luhur. Selanjutnya Arya Banyak Catra mengabdi di kepatihan menggunakan nama samaran Kamandaka. Pada suatu hari Kamandaka diajak menjaring ikan di pinggir kali Logawa. Di tempat itu Arya Banyak Catra bertemu dengan Dewi Ciptarasa putri Adipati Pasir Luhur. Dewi Ciptarasa terpeson dengan ketampanan Kamandaka. Begitu juga Kamandaka terpesona dengan Dewi Ciptarasa yang perawakan, raut muka, dan kecantikannya sama dengan ibunya.)

Jalaran Dewi Cipta Rasa banget kesengsem karo baguse Kamandaka, banjur Dewi Cipta Rasa prentah maring biyung emban supaya Kamandaka teka maring kaputrene Dewi Cipta Rasa wektu wengi. Rindhik asu degitihik paribasane, Kamandaka seneng banget banjur bareng wektu wengi mangkat maring kaputrene Dewi Cipta Rasa, nganggo singidan.(Saking terpesonanya Dewi Ciptarasa dengan ketampanan Kamandaka, Dewi Ciptarasa memerintahkan kepada pengasuhnya supaya Kamandaka datang ke tempat Dewi Ciptarasa saat malam hari. Seperti peribahasa ajing diperintah Kamandaka senang sekali dan saat malam hari datang ke tempat Dewi Ciptarasa menggunakan penyamaran.)

Nalika Kamandaka ketemu karo Dewi Cipta Rasa neng kaputren, amarga padah gurisan banjur swarane keprungu dening penjaga kaputren. Nayaka praja Pasir Luhur geger amarga kaputrene kelebon wong lanang. Adipati Pasir Luhur duka banget manahe banjur dhawuh nayaka praja lan prajurit ngoyak maling sing mlebu kaputren. Kamandaka keseser amarga kalah akeh. Kamandaka banjur nyemplung kali lan ndelik neng guwa. Para punggawa lan prajurit mbandhemi nganggo watu. Para punggawa ngira-ira Kamandaka wis mati, banjur atur palapuran maring Sang Adipati.(Ketika Kamandaka bertemu dengan Dewi Ciptarasa, karena bersenda gurau suaranya terdengar oleh panjaga kaputren. Pegawai kerajaan Pasir Luhur gempar sebab kaputrennya kemasukan seorang laki-laki. Adipati Pasir Luhur marah sekali dan memerintahkan pegawai kerajaan dan prajurit mengejar pencuri yang masuk kaputren. Kamandaka terpepet sebab kalah jumlah. Kamandaka kemudian menceburkan diri ke sungai dan bersembunyi di dalam goa. Para pegawai dan prajurit melempari menggunakan batu. Para pegawai memperkirakan Kamandaka sudah mati, kemudian melapor kepada Sang Adipati.)

Dewi Cipta Rasa krungu karo werta Kamandaka mati, banjur ambruk dadi mriyange. Dewi Cipt Rasa banjur ajek biyung emban maring pinggir kali, ngenteni jumedhule jasade Kamandaka sekang njeroning kali. Ning pangarep-arepe ora bisa depastekna, pungkasane biyung emban nglirih-nglirih ajek bali maring kaputren. Dewi Cipta Rasa manut, banjur bali maring kaputren.(Dewi Ciptarasa mendengar kabar Kamandaka mati, kemudian dia jatuh dan sakit. Dewi Ciptarasa kemudian mengajak pengasuhnya ke pinggir kali menunggu keluarnya jasad Kamandaka dari dalam sungai. Namun harapan tidak bisa dipastikan, akhirnya pengasuh merayu mengajak pulang ke kaputren. Dewi Ciptarasa menurut kemudian kembali ke kaputren.)

Sewise setahun neng kali, Raden Kamandaka munggah neng dharatan lan manggon ana neng umahe randha. Kali sing depanggoni suwene setahun banjur dewenehi jeneng Taunan. Adipati Pasir Luhur krungu kabar menawa Raden Kamandaka urip maning.(Setelah setahun berada di sungai Raden Kamandaka naik ke daratan dan tinggal di rumah seorang janda. Sungai yang didiami selama setahun tersebut kemudian diberi nama Tahunan. Adipati Pasir Luhur mendengar kabar bahwa Kamandaka hidup lagi.)

Neng kraton Pajajaran, Prabu Silih Wangi dhawuh maring putra penggulu, Arya Banyak Ngampar utawa Raden Silih Warni supaya nusul lungane kakange, Raden Arya Banyak Catra. Lungane nuju ngalor ngetan sekang kerajaan Pajajaran temuju tlatah Pasir Luhur.(Di kerajaan Pajajaran Prabu Silih Wangi memerintahkan kepada putra terakhirnya Arya Banyak Blabur atau Raden Silih Warni supaya menyusul kakaknya Raden Arya Banyak Catra. Dia pergi ke utara dan timur dari kerajaan Pajajaran menuju wilayah Pasir Luhur.)

Sewise tekan tlatah Pasir Luhur, Raden Silih Warni nembung arep ngabdi neng Pasir Luhur. Adipati Pasir Luhur gelem nampa nanging ana sarate, angger bisa nyekel Raden Kamandaka. Raden Silih Warni nyanggupi panyuwune Adipati Pasir Luhur.(Sesampainya di Pasir Luhur Raden Silih Warni meminta akan mengabdi kepada Adipati Pasir Luhur. Adipati Pasir Luhur mau menerima namun dengan syarat kalau bisa menangkap Raden Kamandaka. Raden Silih Warni menyanggupi permintaan Adipati Pasir Luhur.)

Raden Silih Warni mangkat nggolet Raden Kamandaka. Sewise ketemu, kedadean perang tanding Raden Kamandaka mungsuh Raden Silih Warni. Raden Kamandaka bisa ngalahna wadya bala Pasir Luhur. Bala prajurit Pasir Luhur bubar mawut, sing keri gari Raden Kamandaka karo Raden Silih Warni. Wong loro tantang-tantangan. Neng kana, kweiyak menawa Raden Kamandaka jeneng asline Raden Arya Banyak Catra sekang tlatah Pajajaran, putra Prabu Silih Wangi. Kaget Raden Silih Warni krungu pangandhikane Kamandaka sing sejatine aran sesingidane Raden Arya Banyak Catra.(Raden Silih Warni berangkat mencari Raden Kamandaka. Setelah bertemu mereka bertempur. Raden Kamandaka bisa mengalahkan pasukan Pasir Luhur, sehingga yang tertinggal hanya Raden kamandaka dan Silih Warni. Kedua orang tersebut saling menantang. Di tempat itulah diketahui jika Raden Kamandaka nama aslinya adalag Raden Arya banyak Catra dari kerajaan Pajajaran, putra Prabu Silih Wangi. Kaget Raden Silih Warni mendengar ucapan Kamandaka yang sejatinya nama samaran dari Raden Arya banyak Catra.)

Loro-lorone banjur rangkulan padha nangis sewise ngerti kakange sing digoleti. Raden Silih Warni ngaturi kakange Raden Kamandaka supaya bali neng Kraton Pajajaran. Seperlu raja Silih Wangi wis sepuh arep mudhun olehe ngasta neng Pajajaran.(Keduanya kemudian berangkulan bersamaan menangis setelah mengetahui kakaknya yang dicari selama ini. Raden Silih Warni memberitahu kakaknya Raden kamandaka supaya kembali ke kerajaan Pajajaran. Sebeb raja Silih Wangi sudah tua dan akan turun tahta dari Pajajaran.)

Raden Kamandaka karo Raden Silih Warni banjur kondhur maring Pajajaran. Krungu Raden Arya Banyak Catra arep dewisuda dari raja Pajajaran, bojone raja Silih Wangi ora sarujuk. Jalaran sedurunge Prabu Silih Wangi wis janji angger putrane mbesuk sing arep bakal dadi ratu, yakuwe Arya Banyak Blabur.(Raden Kamandaka dan raden Silih Warni kemudian kembali ke Pajajaran. Mendengar Raden Arya Banyak catra akan diangkat menjadi raja di Pajajaran, istri raja Silih Wangi tidak setuju. Sebab sebelumnya Prabu Silih Wangi sudah berjanji kalu putranya yang akan menjadi raja yaitu Raden Arya Banyak Blabur.)

Sewise deelingna janjine, Prabu Silih Wangi banjur mbatalna Raden Banyak Catra dewisuda dadi raja. Prabu Silih Wangi banjur gawe palagara, sapa sing bisa nggawa bocah wadon kembar 40 cacahe, kuwe sing dadi raja. Raden Kamandaka utawa Raden Arya Banyak Catra dekantheni rowang cacahe loro, banjur bali Maring Pasir Luhur. Banjur raden Kamandaka semedi neng desa Batur, semedi maning neng pinggir kali Pengaji lan Logawa sing neng tlatah Pasir Luhur. Anggone semedi dewehi kanuragan klambi sing angger deenggo bisa malik dadi lutung. Mula dearani lutung kasarung.(Setelah diingatkan janjinya Prabu Silih Wangi kemudian membatalkan Raden Banyak Catra diwisuda menjadi raja. Prabu Silih Wangi kemudian membuat sayembara siapa yang dapat membawa 40 anak perempuan kembar itulah yang akan menjadi raja. Raden Kamandaka dan raden Silih Warni ditemani dua orang abdinya kemudian kembali ke Pasir Luhur. Kemudian raden Kamandaka bersemedi di desa Batur, bersemedi lagi di pinggir kali Pengaji dan Logawa yang berada di wilayah Pasir Luhur. Hasil semedi dia diberi kesaktian baju yang jika digunakan dapat berubah menjadi lutung. Makanya dinamakan lutung kasarung.)

Nalika Adipati Pasir Luhur buru neng alas, weruh lutung wulu-wulune sejen karo kewan liya-liyane. Lutung dedimek banjur degawa bali deingu neng kraton. Lutung dadi kewan sing disenengi neng Dewi Cipta Rasa. Dewi Cipta Rasa seneng banget bareng ngerti lutung kuwe kedadiyane sekang Raden Kamandaka. Dewi Cipta Rasa njaluk idin maring Sang Adipati supaya lutung manggon neng taman sari.(Ketika Adipati Pasir Luhur berburu di hutan, beliau melihat lutung yang memiliki bulu berbeda dengan hewan lainnya. Lutung ditangkap kemudian dibawa pulang dan dipelihara di kraton. Lutung menjadi hewan kesayangan Dewi Ciptarasa. Dewi Ciptarasa senang sekali ketika mengetahui lutung tersebut adalah penjelmaan dari Raden Kamandaka. Dewi Ciptarasa meminta ijin kepada Sang Adipati supaya lutung menempati taman sari,)

Raja Pule Bahas raja Nusa Kambangan pengin nglamar Dewi Cipta Rasa dadi garwane. Neng surat lamarane Prabu Pule Bahas ngancam angger lamarane detolak, Kraton Pasir Luhur arep detumpes. Dewi Cipta Rasa sejatine nampik lamarane Prabu Pule Bahas, ning lutung kasarung jurung panemu supaya detampa lamarane. Ningen, nganggo sarat mas kawine 40 bocah wadon kembar lan 1000 gulungan mori. Prabu Pule bahas sarujuk karo penjalukke Dewi Cipta Rasa.(Raja Pule Bahas raja dar Nusa Kambangan ingin melamar Dewi Ciptarasa menjadi istrinya, Dalam surat lamarannya Prabu Pule Bahas mengancam jika lamarannya ditolak. Kerajaan Pasir Luhur akan dihancurkan. Sewi Ciptarasa sebenarnya menolak lamaran Prabu Pule Bahas namun lutung kasarung berpendapat supaya diterima lamarannya. Namun dengan mas kawinnya 40 anak perempuan kembar dan 100 gulungan kain mori. Prabu Pule Bahas setuju dengan permintaan Dewi Ciptarasa.)

Neng dina arep jejere penganten, mas kawin sekang Nusa Kambangan wujud bocah wadon kembar 40 lan 1000 mori degawa maring taman sari. Nalika penganten lanang ditemokna karo penganten wadon, ijig-ijig Lutung Kasarung sing kedadeane Kamandaka mrejaya pati Prabu Pule Bahas. Warga lan punggawa Kraton Nusa Kambangan geger merga raja calon penganten lanang mati. Ora ngerti sapa sing mateni rajane, prajurit lan punggawa banjur dejek bali maring Nusa Kambangan.(Di hari pernikahan mas kawin dari Nusa Kambangan berupa 40 anak perempuan kembar dan 1000 gulung kain mori dibawa ke taman sari. Ketika pengantin pria dipertemukan dengan pengantin wanita, seketika Lutung Kasarung yang merupakan jelmaan dari Kamandaka membunuh Prabu Pule Bahas. Warga dan pegawai Kerajaan Nusa Kambangan geger sebab raja calon pengantin pria meninggal. Mereka tidak tahu siapa yang membunuh rajanya, prajurit dan pegawai diajak pulang ke Nusa Kambangan.)

Adipati Pasir Luhur kaget Raja Pule Bahas mati. Ningen, Dewi Cipta Rasa matur karo Sang Adipati kahanan asline Lutung Kasarung. Adipati Pasir Luhur seneng banget manahe sewise ngerti Raden Kamandaka putrane Prabu Silih Wangi. Sebanjure Adipati Pasir Luhur ngidine Dewi Cipta Rasa dadi bojone Kamandaka alias Raden Arya Banyak Catra. Sewise ngijab, Dewi Cipta Rasa deboyong maring Pajajaran karo nggawa 40 bocah wadon kembar sing dadi panyuwune Prabu Silih Wangi.(Adipati Pasir Luhur kaget raja Pule Bahas mati. Namun Dewi Ciptarasa memberitahu Sang Adipati tentang siapa Lutung Kasarung. Adipati Pasir Luhur senang sekali setelah mengetahui Kamandaka adalah anak Prabu Silih Wangi. Kemudian Sang Adipati mengijinkan Dewi Cipta rasa menjdi istrinya Kamandaka alias Raden Banyak Catra. Setelah menikah Dewi Ciptarasa dibawa ke Pajajaran dengan membawa 40 anak perempuan kembar yang menjadi permintaan Prabu Silih Wangi.)

Putra loro-lorone, Raden Arya Banyak Catra lan Arya Banyak Blabur bisa nggawa bocah wadon kembar 40. Banjur, raja Silih Wangi dhawuh maring putra keloron supaya njoged dhuwure blabar kawat. Arya Banyak Catra Kalah, mula dheweke ora duwe hak dadi raja Pajajaran. Raden Arya Banyak Catra banjur ninggalna Pajajaran bali Maring Pasir Luhur, netepi panyuwune Adipati Pasir Luhur, kanggo mbirat mungsuh sekang Nusa Kambangan sing nuntut patine Raja Pule Bahas.(Kedua putra yaitu Raden Arya Banyak Catra dan Arya Banyak Blabur bisa membawa 40 anak perempuan kembar. kemudian sang Raja Silih Wangi memerintahken kepada kedua putranya supaya menari di atas seutas tali. Arya Banyak Catra kalah sehingga dia kehilangan hak untuk menjadi raja Pajajaran. raden Arya Banyak Catra kemudian meninggalkan Pajajaran kembali ke Pasir Luhur memenuhi permintaan Adipati Pasir Luhur untuk mengusir musuh dari Nusa Kambangan yang menuntut kematian raja Pule Bahas.)

Perange parjurit Pasir Luhur sing debantu prajurit Pajajaran karo prajurit Pule Bahas sekang Nusa Kambangan rame. Pungkasaning perang prajurit Pasir Luhur unggul yudhane. Arya Banyak Catra banjur dadi raja neng Kadipaten Pasir Luhur ngganti kelungguhane mertuwane sing wis sepuh. Sebanjure Raden Arya Banyak Catra mapan neng Pasir Luhur ngosih nganak putu.(Perang antara prajurit Pasir Luhur yang dibantu prajurit Pajajaran melawan prajurit Pule Bahas dari Nusa Kambangan ramai. Akhir cerita perang prajurit Pasir Luhur menang perang. Arya Banyak Catra kemudian menjadi raja di Kadipaten Pasir Luhur menggantikan kedudukan mertuanya yang sudah tua. Selanjutnya Arya Banyak Catra tinggal di Pasir Luhur sampai memiliki anak-cucu.)

B. Negesi Tembung
No.Tembung sing angelTegese tembung (Ngoko)Tegese tembung (Krama)
1.dhawuhAkonDhawuh
2.dekanteniDekancaniDekanteni
3.kewiyakKebukakKewiyak
4.manaheAtineManahipun
5.midhanget atureKrungu omonganeMidhanget ature
6.palagaraSayembaraPalagara
7.pasuryaneRainePasuryanipun
8.sesingidanSamaranSesingidan
9.tlatahWilayahWewengkon
10.unggul yudhaneMenang perangeUnggul yudhane

C. Pertakonan Isine Wacan
1. Kenangapa Raden Banyak Catra jengkar sekang tlatah Kraton Pajajaran?(Mengapa Raden Arya Banyak Catra pergi dari Kerajaan Pajajaran)
Arya Banyak Catra gelem mbojo nanging sing praupane memper karo pasuryane ibune. Yakuwe Dewi Ciptarasa putri sekang Kadipaten Pasir Luhur.
2. Kenangapa Raden Banyak Catra nganggo jeneng Kamandaka?(Mengapa Raden Arya Banyak Catra menggunakan nama samaran Kamandaka)
Raden Arya Banyak Catra nganggo jeneng Kamandaka sebab arep ngabdi neng kepatihan Pasir Luhur.
3. Kenangapa Raden Arya Banyak Catra ora sida dewisuda dadi raja neng Pajajaran?(Mengapa raden Arya Banyak Catra tidak jadi diwisuda menjadi raja di Pajajaran)
Raden Arya Banyak Catra ora sida dewisuda dadi raja neng Pajajaran sebab bojone raja Silih Wangi ora sarujuk. Jalaran sedurunge Prabu Silih Wangi wis janji angger putrane mbesuk sing arep bakal dadi ratu, yakuwe Arya Banyak Blabur.
4. Apa penyuwune Prabu Silih Wangi maring Raden Arya Banyak Catra lan Raden Banyak Blabur minangka dadi raja neng Kerajaan Pajajaran?(Apa permintaan Prabu Silih Wangi kepada Raden Arya Banyak Catra dan Raden Arya Banyak Balbur ketika akan menjadi raja di Keraajaan Pajajaran)
Penyuwune Prabu Silih Wangi yakuwe sapa sing bisa nggawa bocah wadon kembar 40 cacahe, kuwe sing dadi raja.
5. Kepriwe pungkasane crita Dewi Ciptarasa lan Raden Arya Banyak Catra?(Bagaimana akhir cerita Dewi Ciptarasa dan Arya Banyak Catra)
Pungkasane crita Dewi Ciptarasa lan Raden Arya Banyak Catra yakuwe Arya Banyak Catra banjur dadi raja neng Kadipaten Pasir Luhur ngganti kelungguhane mertuwane sing wis sepuh.
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 9:05 AM

2 komentar:

  1. apa latar waktu dari cerita babad pasir luhur

    ReplyDelete
    Replies
    1. Pada masa Kerajaan Hindu yaitu Kerajaan Pajajaran

      Delete

Mohon tidak memasukan link aktif.