Home » , , » Srikandhi Madeg Senapati

Srikandhi Madeg Senapati

Nalika Resi Bisma dadi senapatine perange Kurawa neng Perang Baratayudha, Dheweke ndadekna pasukan Pandhawa kocar-kacir. Kahanan kaya kiye gawe pada Psndawa lan Prabu Kresna rembugan kepriwe carane ngalahna senapati Kurawa sing sekti mandarguna kuwe. Resi Bisma kuwe jane ora sarujuk karo tindak angkarane Kurawa. Ningen Resi Bisma wis kadhung janji bakal mbelani Ngastina.

Sawise rembugan Prabu Kresna banjur mutusna sing arep tandhing karo Resi Bisma neng palagan, yakuwe Srikandhi. Prabu Kresna mutusnna kiye merga kemutan crita mbiyen ana wanita asmane Dewi Amba sing keprejaya dening Prabu Bisma. Seurunge mati, Dewi Amba janji bakal males pati maring Resi Bisma.

Akhire, Srikandhi madeg dadi senapati Pandhawa lan maju neng palagan sewise deidini garwane. Srikandhi sanajan wong wadon, ningen wani lan trampil olah panah. Dhewekke deampili pusaka Panah Pasopati duweke garwane, yakuwe Raden Arjuna. Kanthi nggawa panah pusaka Pasopati, Srikandhi maju perang tanding karo Resi Bisma.

Kawitane Resi Bisma ora sumadhiya tanding karo wanita. Ningen, merga deserang terus-terusan dening Srikandhi, mula Resi Bisma males nyerang. Srikandhi ora bisa nandingi kesektene Resi Bisma merga pancen udu tandhingane. Srikandhi malah kanggo pangewan-ewan dening Resi Bisma. Perang tanding antarane Srikandhi mungsuh Resi Bisma babar pisan ora babag.
Srikandi
Nalika Srikandhi wis kepepet ora bisa nandhingi kasektene Resi Bisma. Dadakan sukmanee Dewi Amba nitis mlebu ragane Srikandhi. Bareng Resi Bisma ningali sukmane Dewi Amba, dheweke banjur luluh ati lan nrima ngalah nglawan Srikandhi. Srikandhi aweh urmat maring Resi Bisma, banjur gagiyan menthang gendhewa panah Pasopati lan manah Resi Bisma. Panah mlesat nancep nang pulung atine Resi Bisma lan njalari gugure satriya pahlawan Ngastina.

Crita Srikandhi Madeg Senapati kiye aweh pitudhuh wong wadon uga bisa kaya wong lanang. Srikandhi kuwe putrane Prabu Drupada sing dadi ratu neng Pancalaradya lan dadi garwane Raden Arjuna. Srikandhi kuwe wanita sing akeh omonge, ning trampil mrantasi gawe, setya maring garwa, blaka, dan dhemen mbelaa bebener.

Resi Bisma kuwe putrane Prabu Sentanu lan Dewi Gangga. Bisma priyayi sing satriya, blaka, sabar lan sekti mandraguna. Bisma duwe watek sing luhur dan tansah ngedohi kadunyan. Wateke kiye katon nalika dheweke nrima ngalah ora gelem dadi raja Ngastina senajan duwe hak.

1. Mayuh Negesi Tembung
No.TembungTegese
1.SarujukSetuju
2.SenapatiPimpinan
3.KeprejayaMati
4.PalaganPerang
5.Sumadhiya Gelem
6.SukmaneArwahe
7.Pangewan-ewanOra seneng
8.MandragunaLuar biasa
9.NjalariMarakna
10.MenthangNarik

2. Mangsuli Pertakonan
1. Apa sing njalari Prabu Krena lan Pandhawa padha rembugan bareng golet cara kanggo ngalahna Ngastina/
Nalika Resi Bisma dadi senapatine perange Kurawa pasukan Pandhawa kocar-kacir.
2. Sapa sing aweh usulan sing nglawan Resi Bisma kuwe Srikandhi?
Prabu Kresna sing ngusulna Srikandhi sing nglawan Resi Bisma.
3. Apa sebabe Resi Bisma kawitan ora gelem lawan tandhing karo wanita?
Resi Bisma ora gelem lawan tandhing karo wanita sebabe Resi Bisma tau mrejaya Dewi Amba sing janji bakal males pati maring Resi Bisma.
4. Kepriwe kahanane perang tanding antarane Resi Bisma mungsuh Srikandi?
Kahanane perang antarane Resi Bisma lan Srikandhi babar pisan ora babag.
5. Apa sing nyebabna Resi Bisma luluh ati lan nrima kalah mungsuh Srikandi?
esi Bisma ningali sukmane Dewi Amba nitis mlebu ragane Srikandhi.
3. Nulis Jeneng Paraga lan Watekke
No.TembungTegese
1.Resi BismaSatriya, blaka, sabar,ngedohi kadunyanlan sekti mandraguna.
2.SrikandhiAkeh omonge, trampil mrantasi gawe, setya maring garwa, blaka, dan dhemen mbelaa bebener.
3.Prabu KrenaCerdas, bijaksana

4. Pitutur Luhur Crita Srikandhi Madeg Senapati
  1. Wong wadon uga bisa kaya wong lanang.
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 9:32 PM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.