Home » , , » Cerita Wayang Prabu Yudhistira

Cerita Wayang Prabu Yudhistira

Pada pembelajaran Bahasa Jawa Dhialek Banyumasan Kelas IV Sekolah Dasar Kurikulum Merdeka terdapat pembahasan mengenai Cerita Wayang Prabu Yudhistira. Tujuan pembelajaran kegiatan ini adalah peserta didik dapat memahami cerita wayang tentang tokoh Yudhistira dan menceritakan karakter tokoh wayang menggunakan ragam bahasa krama.

Prabu Yuhistira
Prabu Yudhistira ratu neng Negara Amarta (Ngamarta). Dasanamane Prabu Yudhistira yakuwe Prabu Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Sadha Dwija Kangka, Sang Ajathasatru, lan Gunatalikrama. Garwane asma Dewi Drupadi putrane Prabu Drupada sekang Negara Pancala.

Prabu Yudhistira ratu kang duwe watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas. Lila dunya lila neng pati. Apa bae barang duweke, angger ana sing njaluk mesthi dewenehna. Sanajan duweke mau barang sing disenengi.
Puntadewa
Yudhistira ora gelem ngapusi (goroh) lan ora tau perang. Senajan dipeksa dening Prabu Kresna supaya gelem goroh kanggo menange pandhawa, nalikane Pendhita Dorna madeg Mahasenapati neng perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa goroh. Prabu Yudhistira tetep ngendhikane blaka, : Ingkang pejah Hesthitama". Mung olehe ngendhika "Hesthi" lirih, "Tama" ne seru.

Pusakane Prabu Yudhistira awujud kitab/buku, jenenge Pustaka Jamus Layang Kalimasada. Pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga. Prabu Yudhistira kena diarani manungsa setengah dhewa sebab Prabu Yudhistira duwe tenger kaya dewa, kaya dene getihe putih, sipate sabar, ora gelem jengkel, ora duwe mungsuh, lan tansah tresna maring kerukunan.

Prabu Yudhistira urip rukun karo sedulur-sedulure. Prabu Yudhistira tresna banget karo adhi-adhine. Semana uga adhi-adhine, bekti marang sedulur tuwane. Adhi-adhine : Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa banget ngajeni marang Prabu Yudhistira. Sipate prabu Yudhistira nrima ora nana tandhinge.

Pertakonan Isine Wacan
1. Apa bae dasanamane Prabu Yudhistira?
Dasanamane Prabu Yudhistira yakuwe Prabu Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Sadha Dwija Kangka, Sang Ajathasatru, lan Gunatalikrama. 
2. Kenangapa panyuwune Prabu Kresna ora deturuti?
Prabu Puntadewa tetep ora kersa goroh. Prabu Yudhistira tetep ngendhikane blaka, : Ingkang pejah Hesthitama". Mung olehe ngendhika "Hesthi" lirih, "Tama" ne seru.
3. Apa buktine Prabu Yudhistira duwe sipat lila lan legawa?
Apa bae barang duweke, angger ana sing njaluk mesthi dewenehna. Sanajan duweke mau barang sing disenengi.
4. Tulisen conto lamona Prabu Yudhistira duwe sipat luhur?
Yudhistira ora gelem ngapusi (goroh) lan ora tau perang
5. Apa buktine sing mbuktekna Prabu Yudhistira duwe sipat nrima?
Apa bae barang duweke, angger ana sing njaluk mesthi dewenehna.

Demikian pembahasan mengenai Cerita Wayang Prabu Yudhistira. Semoga tulisn ini bermanfaat.

Sumber : Buku Bahasa Jawa Dhialek Banyumasan, Erlangga.
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 9:14 AM

2 komentar:

Mohon tidak memasukan link aktif.