Home » , » Mengenal dan Mengartikan Tembang Gambuh

Mengenal dan Mengartikan Tembang Gambuh

Tembang Gambuh merupakan bagian dari tembang klasik Jawa yaitu tembang macapat. Tembang macapat sendiri memiliki beberapa jenis dan urutan yang menggambarkan perjalanan hidup manusia, yaitu Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradhana, Gambuh, Dhandaggula, Pangkur, Durma, Megatruh, dan Pocung. Tembang ini perlu diketahui mengenai tembang tersebut adalah muatannya. Tembang gambuh berisi nasihat-nasihat untuk generasi muda yang sarat makna. Mulai dari tingkah laku, menjalin hubungan dengan masyarakat, toleransi, persaudaraan, dan kebersamaan.

Kesenian tembang Jawa memiliki watak yang berbeda-beda. Tembang Gambuh memiliki watak atau nilai-nilai yang bisa kita ambil mengenai kekeluargaan dan juga kebersamaan. Begitu pula dengan kehidupan rumah tangga, perlunya saling menjaga, melindungi, dan mengayomi.

A. Arti Tembang Gambuh
Gambuh (kecocokan) ing basa jawa yakuwe "jumbuh utawa sarujuk" sing duweni arti cocok (Gambuh dalam bahasa Jawa artinya cocok). Tembang iki nggambaraken komitmen menungsa sing wis wara-wara katresnan lan siap kanggo dumunung mudhun. Gancarne tembung gambuh yakuwe salah sawijine tembang kang ngandhung akeh piwulang (Karangan tembang gambuh merupakan salah satu tembang yang mengandung banyak pelajaran)..

Saben tembang macapat kaiket wewaton/pugeran : guru gatra, guru wilangan, guru lagu (Setiap nyanyian macapat terikat uturan guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu). 
Gambuh
  1. Guru (pathokan/aturan) gatra (larikan) yakuwe cacahe gatra saben sapada (bait). Tembang gambuh guru gatrane ana 5. (Aturan baris yaitu jumlah baris dalam satu bait. Lagu gambuh memiliki 5 baris setiap bait)
  2. Guru wilangan (bilangan utawa jumlah) yakuwe cacahe (etungane) wanda (suku kata) saben sagatra. Tembang gambuh guru wilangane ana 7, 10, 12, 8, 8.(Aturan bilangan/jumlah adalah jumlah suku kata setiap baris. Tembang gambuh memiliki 7, 10, 12, 8, 8 suku kata setiap barisnya).
  3. Guru lagu/dhing-dhong yakuwe tibaning swara ing pungkasaning (sing keri dhewe) gatra. Guru lagune tembang gambuh yakuwe : u, u, i, u, o. (Guru lagu yaitu jatuhnya suara di bagian akhir baris. Tembang gambuh memiliki guru lagu u, u, i, u, o.)

Ayo nliti aturane tembang Gambuh :
1. Guru Gatra
Sekar gambuh ping catur = Gatra 1
Kang cinatur polah kang kalantur = Gatra 2
Tanpa tutur, katula-tula kalantur = Gatra 3
Kadaluarsa katutuh = Gatra 4
Kapatuh pan dadi awon = Gatra 5
2. Guru Wilangan
Sekar gambuh ping catur = 7
Kang cinatur polah kang kalantur = 10
Tanpa tutur, katula-tula kalantur = 12
Kadaluarsa katutuh = 8
Kapatuh pan dadi awon = 8
3. Guru Lagu/Dhing-dhong
Sekar gambuh ping catur = tiba swara suku (u)
Kang cinatur polah kang kalantur = Tiba swara suku (u)
Tanpa tutur, katula-tula kalantur = Tiba swara wulu (i)
Kadaluarsa katutuh = Tiba swara suku (u)
Kapatuh pan dadi awon = Tiba swara taling tarung (o)

Wacanen kanti titi tegese tembung-tembung angel ing tembang gambuh iki (Bacalah dengan teliti kata-kata sulit yang terdapat pada tembang gambuh ini) !
No.TembungBanyumasanBahasa Indonesia
1.SekarTembangNyanyian
2.CaturPapatEmpat
3.CinaturDirembug, dikhandakakeDibicarakan
4.PolahTingkah lakuTingkah laku
5.KalanturKebablasenMelenceng
6.Katula-tulaPijer cilakaSelalu celaka
7.KataliKecencangTerjerat
8.KadaluarsaKeliwat wektuneTerlewat dari batas waktu
9.KatutuhDiaraniSebutan
10.KapatuhDadi PakulinanMenjadi kebiasaan
11.AwonAla, elekJelek

B. Ngerteni Isine Tembang (Mengartikan isi Tembang)
Anggone nembang gambuh sing kaping papat iku arep nyritakake tumindak/tingkah laku sing kebablasen (Ketika menyanyikan tembang gambuh yang keempat akan menceritakan tingkah laku yang melenceng). Saking suwene wis ketali ora bisa owah maneh tansah tumindak ala (Terlalu lama terjerat sehingga  tidak bisa berubah lagi untuk selalu berbuat jahat). Tumindake mau malah dadi sebutan (Tindakannya tersebut menjadi sebutan).  Kancane ngundange nganggo sebutan sing ala mau (Temannya memanggil menggunakan sebutan yang jelek tadi). Yen wis dadi pakulinan tegese wis angel maneh ngowahi satemah dadi budaya ala (Jika sudah menjadi kebiasaan artinya sudah sulit merubah, malah menjadi kebiasaan yang jelek).

Tuladhanae (Contohnya)
Bocah mau yen njaluk gelem, nanging yen dijaluki ora oleh (Anak tersebut mau meminta, namun jika dimintai tidak mau). Kancane banjur menehi sebutan "si kikir" (Teman-temanya memberi sebutan "si kikir"). Nganti wis tua barang esih  disebut si kikir (Sampai tua masih disebut si kikir). Sapa sing pengin duwe sebutan ala kaya kuwe? (Siapa yang ingin memiliki sebutan jelek seperti itu?).
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung.
Pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku.
Telu pisan mati sampyuh.

Ana (ada) pocapanipun (istilah), adiguna adigang adigung. Ada istilah adiguna, adigang dan adigung. pan (yang) adigang (adigang) kidang (kijang) adigung (adigung) pan (itulah) esthi (gajah), adiguna (adiguna) ula (ular) iku (itulah). Adigang dikiaskan seperti kijang, adigung dikiaskan seperti gajah, adiguna adalah ular. Telu (tiga) pisan (sekalian) mati (mati) sampyuh (bersamaan). Tiga sekalian mati bersamaan.

Tegese pocapan adigang, adigung, adiguna ngendel-ngendelake pintere, kekuwatane, lan gedhene (Arti ucapan adigang, adigung, adiguna adalah hanya mengandalkan kepintaran, kekuwatan, dan kekuatan fisik). Para pujangga anggone menehi pitutur ora diceplosake, nanging diumpamakake (Para pujangga dalam memberikan nasehat tidak diucapkan langsung namun menggunakan perumpamaan). Adigang diumpamakake kidang iku wong sing ngendelake kekuwatane (Adigang diumpamakan kijang yang mengandalkan kekuatannya), adigung diumpamakake esthi utawa gajah kuwe ngendel-ngendelake gedhene (Adigung diumpamakan dengan gajah yang mengandalkan kekuatan fisiknya), adiguna diumpamakake ula sing pamer kepinterane (Adiguna diumpamakan ular yang memamerkan kepintarannya). Kewan telu mau mati dening watak sing ngendel-ngendelake mau (Ketiga hewan tersebut mati karena mengandalkan kepintaran, kekuatan, dan kekuatan fifiknya).

C. Ayo Rengeng-rengeng Gambuh
Gambuh
Wis tiba mangsa labuh,
Wis wayahe padha ulur jagung,
Kanggo jagan sadurunge panen pari,
Prayogane uga nandur,
Mbayung bayem lombok terong.

Wus tiba mangsa labuh. ( sudah datang musim penghujan ) Wus wayahe padha nandur jagung. ( waktunya menanam jagung ) Kanggo jagan, sak durunge panen pari. ( Untuk cadangan sebelum panen padi ) Sak liyane uga nandur... ( selain itu juga menanam ) Kacang bayem lombok terong. ( kacang bayam cabe terong)

Sasi Oktober bar ketiga ngerak nyedhaki mangsa udan maneh (Bulan Oktober setelah mangsa ketiga mendekati musim hujan lagi), iku jenenge mangsa labuh (itu namanya mangsa labuh). Cara jawa jenenge mangsa kapat (Menurut orang jawa itu namanya mangsa kapat). Udan sepisanan nggrangsang wiji-wiji woh-wohan pada thukul (Hujang sekali merangsang biji-biji buah-buahan tumbuh). Wiji utawa winih jagung, bayem, terong, lombok uga thukul (Biji atau benih jagung, bayam, terung dan cabai juga tumbuh), banjur dithandur ing sawah utawa tegalan (kemudian ditanam di sawah atau tegalan).

Sebab nandur pari butuh banyu akeh, mula ngenteni udan (Sebab menanam padi membutuhkan air yang banyak sehingga menunggu hujan). Sadurunge panen pari wis duwe panenan jagung, lombok, lan liya-liyane (Sebelum panen padi sudah memiliki hasil panen jagung, lombok, dan lainnya). Mula ora perlu samar yen kekurangan pangan (Sehingga tidak perlu khawatir kekurangan pangan).

Ayo Nyinauni Arane Wektu (Belajar Nama-nama Waktu)
  1. mangsa labuh = wektu ketiga ganti arep udan (Mangsa ketiga menunggu hujan)
  2. mangsa mareng = wektu udan ganti arep ketiga (Musim hujan menuju ketiga).
  3. mangsa rendeng = wektu akeh udan (musim banyak hujan).
  4. mangsa ketiga = wektu akeh panas (Hujan jarang terjadi ).
  5. bedhug = wektu jam 12.00 awan (Jam 12 siang).
  6. surup = jam 17.30 (Matahari terbenam)
  7. byar = Jam 05.00 ( Matahari terbit)
  8. jago kluruk pisan = Jam 03.00 (Jago berkokok sekali)
  9. titiyoni = Jam 01.00 (Dini hari)
  10. lingsir wengi = Jam 02.00 (Menjelang malam)

Ayo Nyinau Jenise Tanduran (Belajar Jenis-jenis Tanaman)
  1. Pala Kesimpar = wite nlosor wohe katon contone semangka lan timur (tumbuhannya menjalar dan buahnya kelihatan contohnya semangka dan ketimun)
  2. Pala kependhem = wohe kependem contone tela, gembili, tales. uwi (Buahnya terpendam contohnya singkong, gembili, talas, dan uwi).
  3. Pala kirna/kitri = tanduran pekarangan contone jeruk, pelem, duren, klapa, nangka (Tanaman pekarangan contohnya jeruk, mangga, durian, nangka, dan kelapa).
  4. Empon-empon = tanduran apotek hidup contone jahe, kunir, laos, temu lawak (Tanaman apotek hidup contohnya jahe, kunyit, lengkuas, dan temu lawak).
  5. Pala wija = tanduran ing tegal sakliyane pari contone jagung, kedele, wijen (Tanaman tegalan selain padi contohnya jagung, kedelai, dan wijen).
  6. Janganan = tanduran kanggo sayur contone bayem, kangkung, kobis (Tanaman untuk sayuran misalnya bayam, kangkung, dan kubis)

Gambuh
Lumrahe tani utun,
Padha raket anggone dha srawung
Gotong royong nyambut gawe nandur pari
Kerjane padha gumregut
Sanggan entheng ora abot
Basa Kramane
No.TembungBasa Krama
1.LumraheLimrahipun
2.PadaSami
3.RaketLengket
4.AnggoneAnggenipun
5.DhaSami
6.SrawungSrawung
7.NandurNanem
8.PariPantun
9.GumregutGumregut
10.SangganTanggel jawab
11.EnthengRingan
12.OraBoten
13.AbotAwrat
Posted by Nanang_Ajim
Mikirbae.com Updated at: 3:45 PM

0 komentar:

Post a Comment

Mohon tidak memasukan link aktif.